Selasa, 15 Juli 2025
Awalé aku kira dina iki sekolah bakal kaya biasané, ning jebulé aku éntuk kado ulang tahun saka loro kancaku sing cedhak. Sanajan ulang tahunku tanggal 3 Juli lan wis kliwat suwi, aku tetep rumangsa seneng lan kaget. Rasane nyenengké nek ana wong sing isih éling karo dina istiméwaku, sanajan wis kliwat pirang-pirang dina
Kado pisanan aku tampa saka kancaku jenengé Syafa. Dhèwèké maringi aku gantungan boneka wujud lintang lan uga surat. Aku kaget banget wektu mbukak kadoné. Syafa kandha nek kado kuwi kanggo nggantèni boneka lintang sing ilang wektu aku study tour kelas 8 neng Malang.
Aku dadi kèlingan wektu study tour dina pungkasan, rombongan lunga neng Museum Angkut. Ing kana aku tuku gantungan boneka wujud lintang. Sayangé, gantungan kuwi tiba lan ilang wektu perjalanan mulih. Padahal kuwi gantungan anyar sing durung suwi tak gunakaké, lan wektu kuwi aku rumangsa sedih banget. Aku wis meh lali karo kedadéan kuwi, ning jebulé Syafa isih éling lan maringi aku gantungan anyar. Ing suraté, dhèwèké nulis nek Gusti Allah kuwi apik, tansah nggantèni barang sing ilang utawa ora cocog karo pangarepan karo sing luwih apik.
Kado kapindho teka saka kancaku jenengé Ayya. Dhèwèké maringi aku jepitan rambut sing lucu. Sayangé, durung nganti sedina tak gunakaké, jepitan kuwi patah amarga aku tiba saka panggonan turu. Senajan ngono, aku tetep seneng nampa kado kuwi amarga iku tandha nek Aya uga éling ulang tahunku.
Loro-loroné kado kuwi nggawe aku rumangsa bersyukur. Aku ngerti nek sing paling penting saka kado kuwi dudu regané, nanging niat tulus lan perhatian saka wong sing maringi. Sanajan ulang tahunku wis kliwat, kejutan dina iki nggawe atiku anget lan bahagia. Dina iki dadi salah siji momen sing bakal tak éling-éling terus neng Spenda.
Kuwi wae crita saka aku dina iki. Ketemu maneh neng crita sabanjuré 😸❗
.jpg)

